Selasa, 03 Mei 2011

0001 Atur Pambuka

free counters





Jakarta 4 Mei  2011.
Adik-adik, Mas/Kakang & Mbak/Yu, Bapak & Ibu, Pak Lik & Bulik, Pak Puh & Bu Puh, Mbah/Eyang Kakung & Mbah/Eyang Putri.
Budaya wayang utaminipun wayang kulit (ringgit wacucal) puniko sampun dados kagunganipun sadaya bangsa ing saindenging bumi.
PBB (UNESCO) sampun anetepaken bilih budaya wayang  saestu dados budaya Nusantara.
Kita, ingkang amarisi budaya punika, malah kathah ingkang mboten mangertosi bab puniko.
..
Situs PrabuWayang puniko sampun monumental. Dados pandom paraning sok sintena ingkang kapengin anyumerepi kabudayan Jawi, utaminipun ringgit. Pangripto matur gunging panuwun dateng panjenenganipun Mas Pranowo Budi Sulistyo,Mas Edy Listanto lan sanesipun ingkang amurwani lan angembani blog kasebat..
Blog  Sejuta Wayang mendet referensi saking blog Prabuwayang lan ugi saking blog sanesipun,upaminipun jamansemana.blogspot.com/. mugi mboten ndadosaken kirang renaning penggalih, jer tujuanipun sami, nguri-uri lan ambiwaraken kabudayan Jawi ing saindenging bumi.
Sejuta wayang  mugi saged dados bokor ingkang saged nampi alamat sejuta file cariyos wayang
Yen satunggal lampahan ringgit ngantos 30 file utawi langkung, mboten wande sejuta file puniko saged kadumugen, candakipun, sejuta lampahan ugi bade kaleksanan ing tembe wingkingipun.
Budaya wayang mboten namung kados ingkang katingal utawi ingkang kamirengaken ing radio/kaset kemawon, nanging ugi wonten gandeng cenengipun kaliyan uba rampe ingkang kabetahaken, upaminipun:
1. industri gamelan / gangsa. Sarancak gangsa ingkang sae, saged langkung  Rp. 1 milyar reginipun.
2. industri tatah/sungging wayang kulit. Satunggal wayang saged atusan ewu rupiah reginipun.
3. industri topeng lan ageman/asesoris wayang
4. industri tari
5. industri wiraswara/sinden   lsp.
Kaleresan pangripta punika tiyang Jawi (Timur). Ing saderengipun ugi mboten saged basa krama(madyo/inggil). Enggal sekedik nyinaoni basa Jawi.. Caranipun: langganan majalah Jaya Baya lan Panyebar Semangat ingkang kasebaraken ing tlatah Jawa Timur.. Saking ngriku angsal tembung lan ukara basa Jawi utawi basa krama
Maos blog PrabuWayang ingkang sae puniko lajeng kadereng kapingin ndamel blog piyambak, ingkang tujuanipun ugi tumut nguri-uri lang angrembaka budaya wayang.
Kangge anggampilaken para 'browser' anggenipun angunduh/download, kulo aturi mriksani / maos cara-cara ingkang sampun kulo cak-aken naliko angunduh 'file' puniko.
Kagem panjenengan ingkang kagungan kaset lami ugi wonten caranipun ngresiki kaset ingkang sampun kotor/jamuren.
Menawi sampun kagungan blog, panjenengan saged angunggah/upload isining kaset lami puniko. Tamtu ing mangkenipun katah ingkang angunduh.
Ing ngriki ugi kaserat alamat wayang ingkang bade kakersakkaken.  Alamat puniko namung anggampilaken angunduh, saengga cepet sarta angirangi prabeyo kangge angunduh/download.
Sadaya ingkang kulo aturaken puniko saged kaumpamekaken pasinaon ingkang tanpa beya.alias gratis.
Monggo kula aturi angunduh/download alamat ingkang kakersakkaken kanti gratis lan bebas beaya.
File ingkang dipun 'password' kulo aturi  mbikak piyambak.
Ingkang kersa maringi alamat ingkang dereng wonten ing mriki, kulo aturaken matur nuwun ing saderengipun.
Alamat puniko sasampunipun kulo teliti, anunten kulo sisipaken ing blog puniko.
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . .
Bab donatur (Yen mboten perlu, bab puniko saged dipun langkungi kemawon)
Ing Indonesia (Nuswantara) , anampi sumbangan puniko dereng dados budaya masyarakat umum.
Dene ing manca nagari, karya tulis angsal pahargyan arupi sumbangan (donatur).
Tamtu kemawon Karya tulis puniko ingkang maedahi kangge bebrayan ageng (masyarakat)
Gandeng saking puniko, sampun dados kuciwaning penggalih yen pangripto ugi ambikak bokor donatur kangge sumbangan puniko.
Sok sintena kemawon ingkang kersa nambah isining bokor puniko, bade kaserat ing daftar donatur, lan pangripto angaturi genging panuwun.
Sanadyan mbokmenawi puniko saru ing wawasan, nanging sarutama, (nami panah Arjuna ingkang saged mblejedi/ angudari angkaraning Batari Durgo)
Sanadyan sampun dipun teliti kanti njinggleng rinten dalu, tamtu pandameling blog puniko taksih katah kekiranganipun. Ugi kathah kalepatan ingkang mboten kasengaja awit saking kiranging pangertosan pangripto. Saking puniko, pangripto nampi kritik lan saran saking panjenengan sadaya. Kritik awon bade dipun tampi, punopo malih kritik ingkang sae, inggih puniko ingkang saged nambah wawasan lan murakabi dateng kita sadaya.
Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar